Pages

Selasa, 15 Maret 2011

SESORAH


               Sesorah iku ngandharake gagasan, panemu, utawa informasi ana ing sangarepe wong akeh kanthi lesan. Supaya digatekake, sesorah kudu disampekake kanthi nengsemake.
               Patrape wong wasis guneman:
1.Solah bawane kang lumrah, tatag, lan ora kaku.
2.Ndeleng marang wong kang diajak guneman.
3.Nampa panyendu utawa usulan.
4.Solah bawane nengsemake.
5.Lancar gunemane.
6.Angen-angene logis.
7.Mumpuni utawa nguwasani apa kang dirembug.
8.Miwiti anggone micara menawa wis antuk palilah lan swasanane apik.
9.Urmat lan nuwuhake rasa paseduluran sarta ana prenesane utawa geguyone.
10.Gandhang swarane

Kang ora kena ditindakake nalika sesorah:
1.Ngadeg tanpa nggatekake papan panggonan.
2.Ngadeg kanthi lendhehan podium.
3.Ngadeg kaku, utawa kosok baline loyo ora ana greget.
4.Ngadeg kanthi sikil kang rapet, utawa kosok baline kanthi mbegagah.
5.Ngadeg kanthi lelambaran sikil siji.
6.Slaga kang digawe- gawe.
7.Ngguyu kanthi digawe- gawe.
8.Mbesengut.
9.Gugup.
10.Ndhingkluk , utawa kosok baline tansah tumenga(ndangak).
11.Ngobahake awak kanthi ora trep karo kang digunem.
12.Kukur- kukur.
13.Nglebokake tangan ing sak clana.
14.Ora nggatekake kang diajak guneman.

0 komentar:

Posting Komentar